PENGALAMAN PRIBADI

PENGALAMAN PRIBADI Dening: jovany meinita azzahra/9D/10 pengalamanku sinau ing pandemi covid-19 Dina iku, sakwise adus, macak, lan liya-liyane, Aku ngadhep ing ngarep hp. Masio libur covid-19, nanging Aku sinau online. Tugas dikirim supaya aku sregep sinau. Pelajaran dina iku matematika. Aku blas ora ngerti. Aku banjur maca buku, golek informasi saka brainly lan internet, uga tangklet marang Guru. Aku ngerti, nanging durung maksimal. Aku banjur nyuwun didamelaken pembahasan singkat kan contoh ingkang jelas. Akhire, sawetara dina sakwise Guruku ndamelaken pembahasan singkat lan contoh ingkang jelas. Ing kono dijelasne kosakata sing mbingungne aku lan kanca-kanca, tegese ukara perpangkatan lan liya-liya ne. Sakwise iku, aku bisa nggarap tugas sing diwenehi lan entuk biji apik. Kedadean covid-19 Iki ndadeaken kita supaya kudu tetep njaga kesehatan e dewe-dewe, supaya bisa tetep sehat lan terhindar co...