NGRENGKUH LINTANG ING LANGIT
NGRENGKUH LINTANG ING LANGIT
Dening: jovany meinita azzahra IX-D/10
Wektu iku wayah e pelajaran Basa Jawa.
Guru Basa Jawaku yaiku bu Emi ngumumake marang para siswa yen arep ono lomba ing adicara Estival Basa lan Budaya Jawa sa Kabupaten Bojonegoro. Jinishing lomba yaiku: pidato, maca geguritan, maca cerkak, lan lia-liane.
Jinishing lomba sing paling tak senengi yaiku maca geguritan, sawise aq sreg milih lomba niku, banjur matur marang Bu Emi.
Sawise matur Bu Emi banjur siji mbaka siji kanca-kanca ku pada melu ndhaftarake awak e dhewe. Saka kelasku ing melu daftar yaiku Adinda anjeng kan Ajeng puji. Adinda ajeng daftar pidato, lan Ajeng puji daftar lomba maca aksara Jawa.
Sawise iku aku diutus Bu Emi supaya latihan ing ngarep kelas. Sebenere aku isin tapi tak empet. Sawise niku, Bu Emi Maringi kritik lan saran, amerga miturut Bu Emi aku kurang bisa mbedhaake dha kan da.
Saka kritikan mau, aku bisa sinau marang kesalahan sing wis dakliwati.
Komentar
Posting Komentar